Bahasa jawa
kelas 3
- Pandhawa iku cacahe ana lima
- Sebutna kadang pandhawa lima ! yudhistira, werkudara, arjuna, nakula, lan sadewa
- Bapake pandhawa kuwi prabu pandu dewanata
- Ibune pandhawa kuwi dewi kunthi lan dewi madrim
- Dewi kunthi peputra telu yaiku yudistira, werkudara, lan arjuna
- Dewi madrim peputra loro kembar yaiku nakula lan sadewa
- Jeneng liyane yudistira yaiku puntadewa
- Jeneng liyane werkudara yaiku bratasena, bima
- Jeneng liyane arjuna yaiku permadi
- Awit isih cilik pandawa wis ditinggal dening sapa? Prabu pandu dewanata lan dewi madrim
- Uwake pandhawa yaiku prabu destrarastra
- Prabu destrarastra duwe putra cacah satus jejuluk kurawa
- Watake kurawa yaiku degsiya marang sapadha-padha, sawenang-wenang, ambeg angkara murka, lan srakah banget
- Watake pandhawa yaiku welas asih, sabar banget, tresna marang sapadha-padha
- Pandhawa lan kurawa sakjane sedulur tunggal embah
- Panganggepe kurawa marang pandawa yaiku mungsuh
- Panganggepe pandawa marang kurawa yaiku sedulur tunggal embah
- Apa sing dikuatiri kurawa ? keprabon hastina bakal dijaluk bali dening pandawa
- Kepriye cara ne kurawa nyirnakake pandhawa ? diracun panganane, diobong urip-uripan,diusir saka kraton
- Pandhawa kasil mbangun kratone dewe yaiku kraton amarta
- Perang anatara pandawa lan kurawa diarani perang baratayuda
- Tulisen tegese tembung ing ngisor iki ! Garwa : bojo, Rama : bapak, Kagungan : duwe, Seda : mati
- Gawea pitakon adedasar ukara ngisor iki ! Prabu puntadewa ratu ing amarta : sapa ratu ing amarta ? Pandawa kuwi cacahe ana lima : pira cacahe para pandawa ? Watake pandawa kuwi welas asih lan sabar : kepriye watake pandawa ?
- Raden werkudara satriya ing jodhipati
- Nalika lair raden werkudara awujud bungkus
- Amarga bungkuse ora bisa disuwek mula dibuwang menyang alas
- Sing bisa nyuwek bungkuse raden werkudara yaiku gajah sena
- Watake raden werkudara iku jujur, adil, lan gedhe kekarepan
- Apa wae prentahe guru dorna marang werkudara ? golek susuhing angin, golek tirta pawitra
- Sapa arane guru sejatine raden werkudara ? dewa ruci
- Kepriye wujude dewa ruci ? dewa bajang sing plek karo raden werkudara
- Putrane raden werkudara yaiku raden antareja, raden gatutkaca, raden antasena
- Gamane raden werkudara yaiku gada rujakpolo, gada lukitasari, lan kuku pancanaka
- Sapa arane guru padawa lan kurawa ? begawan drona
- Nganggo apa pandita drono njupukake bale pandawa lan kurawa ? nganggo alang-alang
- Sapa eyange pandawa lan kurawa ? maha resi bhisma
- Kepriye solaahe pandawa nalika diwulang gurune ? sinau temenanan, kabeh prentah ditindakake, lan sengkud
- Kepriye solahe kurawa nailka diwulang gurune? Kesed, ora temenanan, pating glosor, leyeh-leyeh , turonan, lan gegojegan
- Pahlawan saka tembung pahala lan wan
- Tegese pahlawan yaiku wong sing kerep gawe lan nandur kabicekan tanpa njaluk piwales
- Rame ing gawe, sepi ing pamrih
- Proklamator indonesia yaiku bapak soekarno lan muhammad hatta
- Indonesia mardika tanggal 17 agustus 1945
- Ana ngendi wae soekarno nate dikunjara ? suka misikin bandung, flores, lan bengkulu
- Ana ngendi wae muhamad hata nate dikunjara ? roterdam, boven digul, papua, bandanaera
- Ide lan gagasan sing nate mrentul saka soekarno lan hatta yaiku pancasila lan UUD 1945
- Apa wae sing dilakoni soekarno lan hatta ing jagaf internasional ? gerakan non blok, konferensi asia afrika, mbiyantu kamardikan negara-negara afrika
- Negara sing sing tau njajah bangsa indonesia yaiku walanda, jepang, portugis
- Negara walanda anggone njajah indonesia suwine 350 taun
- Presiden indonesia kaping pisan yaiku soekarno
- Wakil presin kaping pisan yaiku muhamad hatta
- Kenapa perjuwangan indonmesia durung kelar ? amarga walanda isih pengen jajah maneh
- Perang gede sakwise nagara indonesia merdeka diarani agresi militer walanda 1 lan agresi militer walanda 2
- Sakwise mardika tentara sekutu ndarat ing indonesia ing kutha surabaya
- Ana ing hotel ngendi walanda ngerek genderane ? hotel yamato
- Sapa sing diboncengi walanda kanggo nyerang indonesia ? tentara sekutu lan NICA
- Jendral inggris sing tiwas ing perang surabaya yaiku jendral mallaby
- Senjatane tentara indonesia nalika perang yaiku bambu runcing
- Tentara indonesia nalika perang ing surabaya jejuluk tentara keamanan rakyat
- Perang gedhe ing surabaya antarane indonesia mungsung walanda lan sekutu kadaean tanggal 10 nopember 1945
- Tanggal 10 nopember dipengeti dadi dina pahlawan
- Warnane gendera walanda yaiku biru putih abang
- Gotong royong ing tlatah jawa diarani gugur gunung
- Watake yudistira yaiku wicaksana demen ngalah
- Pusakane yudistira yaiku jamus kalimasada
- Yudistira satriya ing ngamarta
- Watake werkudara yaiku kendel mbelani bebener
- Pusakane werkudara yaiku kuku pancanaka, gada rujakpolo, gada lukitasari
- Werkudara satriya ing jodipati
- Watake arjuna yaiku seneng tetulung
- Pusakane arjuna yaiku panah pasopati
- Nakula lan sadewa watake ora seneng nyampuri urusane wong liyo, seneng mbiyantu
- Nakula satriya ing sawo jajar
- Sadewa satriya ing bumiretawu
- Pusakane nakula lan sadewa yaiku pedang
- Papan panggonan sing direncana kanggo ngarah patine pandawa dioarani bale sigala-gala
- Kepriye carane kurawa nipu daya pandhawa ing bale sigala-gala ? diparingi panganan lan unjukan sing werna-warni sing wis dijejampi
- Sing gawe guwa ing sangisor bale sigala-gala yaiku yamawidura
- Sapa sing nuntun lan gawe slamet para pandhawa lan ibune ? garangan putih
- Sapa sejatine garangan putih kuwi ? sang hyang antaboga
- Para pandawa lan ibune dituntun garangan putih tumeka kayangan sapta pratala
- Putrane raden arjuna yaiku raden abimanyu
- Nalika perang raden abimanyu tiwas merga diperjaya marang raden jayajatra
- Kepriye sumpahe raden arjuna ? arep pati obong yen ora gawe piwales dening jayajatra
- Kepriye tipu dayane raden jayajatra ? malih dadi akeh banget
- Senjata sing digunakake prabu kersna kanggo mbiyantu mbedakake jayajatra yaiku senjata cakra
- Senjata cakra kuwi kasektene bisa apa ? nutupi sunare srengenge dadi katon sore/surup
- Tanggal 2 mei dipengeti hari pendidikan nasional
- Ki hajar dewantara wiyose tanggal 2 mei
- Ki hajar dewantara jejuluk bapak pendidikan nasional
- Naslika isih timur ki hajar dewantara asmane raden mas suwardi suryaningrat
- Ki hajar deantara kuwi kaprenah wayahe sri paku alam III
- Kapan anggone asma cilik R.M suardi suryaningrat di ganti ki hajar dewantara ? nalika yuswane 40 taun
- Kenapa asamane R.M suwardi suryaningrat diganti ? amarga tansah kepingin cedhak lan rumaket marang kawula cilik
- Sekolah sing digawe dening ki hajar dewantara dijenengi taman siswa
- Kapan taman siswa digawe ? tanggal 3 juli 1922
- Jendral sudirman kuwi pahlawan nasional sing asale saka yogyakarta
- Amarga gerah jendral sudirman anggone metu ninggalake yogyakarta nganggo ditandu
- Jendral sudirman anggone perang nganggo siasat sing diarani perang gerilya
- Pangeran diponegoro kuwi putrane sultan hamengkubuwana III
- Wiyose pangeran diponegoro iku tanggal 11 november 1785
- Nalika isih timur pangeran diponegoro asmane raden mas antawirya
- Sebabe pangeran diponegoro ora purun dadi raja yaiku milih cedak marang kawula alit lan seneng nyinau babagan agama
- Papan sing dipanggoni pangeran diponegoro anggone nyinau agama yaiku ing tegalrejo
- Eyang buyute pangeran diponegoro asmane ratu ageng tegalrejo
- Pangeran diponegoro gawe markas ing guwa selarong
- Pangeran diponegoro anggone berjuang dibiyantu dening putrane sing asamane bagus singlon utawa ki sadewo
- Perang diponegoro kawiwitan taun 1825 nganti taun 1830
- Perang diponegoro murub ing tlatah sakindenging tanah jawa
- Perang diponegoro uga diarani perang tanah jawa
Bagus banget blognya. Semangat berkreasi
BalasHapus