Minggu, 20 November 2016

kelas 4 materi bahasa jawa 1

Bahasa jawa
  1. Geguritan “aku kangen ocehe prenjak” anggitane aka cahyaningrat
  2. Manuk prenjak njaluk sambat amarga dikunjara
  3. Sing ngendika bab ocehe manuk prenjak yaiku bapak lan ibu
  4. Biyen manuk prenjak ngoceh saben srengenge jumedhul
  5. Sambate manuk prenjak njaluk ditokake saka krangkeng
  6. Srengene jumdhul saka bang wetan
  7. Kepriye kudune tumindake manungsa marang kewan kayata manuk prenjak ? aja milara, kudu ngurmati lan ngajeni
  8. Uripe manuk prenjak ing njero krangkeng tansah sengsara
  9. Gawea pitakon saka ukara ing ngisor iki Manuk prenjak sambat ngaruara : sapa sing sambat ngaruara? Srengenge jumedhul saka bang wetan : saka ngendi srengengene jumedhul? Manuk prenjak miber pencolotan ana ing pang-pang wit : ana ngendi manuk prenjak miber pencolotan?
  10. Kramakna tembung ing ngisor iki Ngomong : ngendikan, tiwas : sedo, Manuk : peksi, ati : manah, penggalih, Mabur : miber, akhire : wusananipun
  11. Yen dadi bocah jawa kudu ngugemi babagan budaya lan unggah-ungguh
  12. Geguritan “aku bocah jawa” anggitane aji mestiikaningrat
  13. Raja brana tegese mas inten
  14. Bocah jawa ora kena sulap marang gebyaring kahanan modern
  15. Tuladha tumindak sing ora becik ing jaman modern yaiku ngecet rambut, nato awak, nindhik irung
  16. Ayo padha gumregah nata panguripan lan nuduhake budaya jawa ingkang luhur
  17. Kembang telon iku rupane kembang mawar, mlathi, lan kenanga
  18. Ing geguritan “nalika aku pamit”, welinge bapa lan ibu yaiku luru ngelmu kanggo sangu mbesok
  19. Manuk prenjak lan kewan-kewan liyane padha guneman ana ing alas
  20. Apa sing dirembuk marang para kewan ing alas ? alas sing rusak mergo tumindake manungsa
  21. Para manungsa ngrusak alas kanthi tumindak negori wit-witan
  22. Apa bebayane yen alas kuwi gundhul?  Kewan ora duwe omah, alas reged, banjir, kobongan alas
  23. Kewan alas sing swarane bisa medeni manungsa yaiku macan
  24. Kepriye carane prenjak ngandani yen ana bebaya marang alas ? saka ocehe
  25. Fiktif tegese khayalan
  26. Kurawa lan pandhawa kaperang sedulur tunggal embah
  27. Kurawa duweni sipat srakah
  28. Negara astina arep dipek dhewe marang kurawa
  29. Tumindake kurawa marang pandhawa yaiku daksiya-ssiya lan ngarah patine
  30. Papan paprangane pandha lan kurawa ing tegal kurusetra
  31. Aswatama kuwi putrane begawan durna
  32. Petruk dikongkonkon kresna supaya bengok-bengok ngadani yen aswatama tiwas
  33. Begawan durna dadi senapati kurawa
  34. Hestitama kuwi sapa? Gajah sing ditumpaki prabu bogadenta
  35. Petruk diarani tukang apus-apus marang begawan durna
  36. Goreh tegese kuatir, bingung, ora tentrem
  37. Begawan durna sidane gugur mungsuh tresthajunma
  38. Yudistira duwe sipat jujur, sabar, lan ngalah
  39. Tegese getih putih yaiku sabar ora tau nesu
  40. Tiwikrama tegese malih rupa
  41. Prabu yudistira yen jengkel bisa malih rupa dadi buta gede sakgunung anakan
  42. Sapa salah bakal seleh
  43. Tegese ngunduh wohing pakarti yaiku asiling pagaweane dewe
  44. Sing salah bakal seleh tegse  wong sing salah bakal konangan
  45. Senapatine pandhawa yaiku prabu yudistira
  46. Senapati agung kurawa yaiku prabu salya
  47. Prabu salya kaprenah uwa/pakdhe pandhawa
  48. Senapati tegese wong sing mimpin prajurit perang
  49. Prabu salya ngrapal ajian balasrewu
  50. Saka awake prabu salya padha metu buta bajang
  51. Buta bajang kuwi buta sing cilik-cilik
  52. Saka awake yudistira katon cahya sumorot padhang
  53. Sing ditindakake buta-buta bajang yaiku ngrubut lan nyokoti yudistira
  54. Pakulinan sing dilakoni turun temurun diarani tradisi
  55. Contone tradisi jawa yaiku bersih desa, sedekah bumi, nyadran
  56. Sedekah bumi kuwi awujud selametan sokur marang asil tani
  57. Sedekah bumi dilaksanake sabubare panen
  58. Sedekah bumi ana ing mangsa ketiga
  59. Tegese purnamasidi yaiku padhang bulan/bulan purnama
  60. Biaya kanggo sedekah bumi biasane saka urunan warga desa
  61. Tugase para ibu ing slametan sedekah bumi yaiku masak gawe daharan
  62. Tugase para bapak ing slametan sedekah bumi yaiku nyiapake panggung lan ubarampe
  63. Sedekah bumi manggon ana ing daleme sesepuh desa
  64. Ubarampe sedekah bumi iku antarane sego tumpeng saklawuhe
  65. Sakwise didongani sego tumpeng dikapake? dipangan bareng
  66. Apa wae dongane wayah sedekah bumi ? matur sokur asil tetanen sing apik lan nyuwun panen ngarep supaya bisa luweh apik
  67. Tontonan ing wayah sedekah bumi yaiku wayang
  68. Tradisi saparan ruwat bumi ana ing desa candirejo, kecamatan borobudur, kabupaten magelang
  69. Adicara saparan kuwi  kaperang dadi adicara pangajian, kendhuri merti desa, pagelaran seni rakyat, arak-arakan tumpeng
  70. Tuladane kesenian rakyat saka magelang yaiku jathilan, kubrosiswo, sayakan, larasmadya
  71. Desa banyumanik iku mula bukane saka banyu eluhe nyi pandan arang
  72. Tradisi nyadaran dilaksanake ing sasi ruwah
  73. Wujude tradisi nyadran kuwi tilik lan ngresiki kubur sarta kirim donga kanggo leluhur sing wis sedo
  74. Kepriye dongane kanggo leluhur sing wes sedo? Supaya dingapuro sakabehing dosa
  75. Tradisi nyadran diwiwiti tanggal 15 ruwah dipungkasi tanggal 27 utawa 29 ruwah
  76. Sakwise didongani umbarampene banjur dipangan bareng
  77. Yen wayah nyadran desa katon rame
  78. Ing wayah nyadran biasane wong sing pada lunga mbara pada muleh
  79. Swasanane urip masyarakat katon ayem tentrem guyup rukun
  80. Budi pakarti iku tingkah laku sing becik
  81. Kenapa adicara nyadran dilaksanake sasi ruwah ? margo yen wayag pasa pasareane kosong

Tidak ada komentar:

Posting Komentar