Minggu, 20 November 2016

kelas 3 bahasa jawa

Bahasa jawa kelas 3
  1. Pandhawa iku cacahe ana lima
  2. Sebutna kadang pandhawa lima ! yudhistira, werkudara, arjuna, nakula, lan sadewa
  3. Bapake pandhawa kuwi prabu pandu dewanata
  4. Ibune pandhawa kuwi dewi kunthi lan dewi madrim
  5. Dewi kunthi peputra telu yaiku yudistira, werkudara, lan arjuna
  6. Dewi madrim peputra loro kembar yaiku nakula lan sadewa
  7. Jeneng liyane yudistira yaiku puntadewa
  8. Jeneng liyane werkudara yaiku bratasena, bima
  9. Jeneng liyane arjuna yaiku permadi
  10. Awit isih cilik pandawa wis ditinggal dening sapa? Prabu pandu dewanata lan dewi madrim
  11. Uwake pandhawa yaiku prabu destrarastra
  12. Prabu destrarastra duwe putra cacah satus jejuluk kurawa
  13. Watake kurawa yaiku degsiya marang sapadha-padha, sawenang-wenang, ambeg angkara murka, lan srakah banget
  14. Watake pandhawa yaiku welas asih, sabar banget, tresna marang sapadha-padha
  15. Pandhawa lan kurawa sakjane sedulur tunggal embah
  16. Panganggepe kurawa marang pandawa yaiku mungsuh
  17. Panganggepe pandawa marang kurawa yaiku sedulur tunggal embah
  18. Apa sing dikuatiri kurawa ? keprabon hastina bakal dijaluk bali dening pandawa
  19. Kepriye cara ne kurawa nyirnakake pandhawa ? diracun panganane, diobong urip-uripan,diusir saka kraton
  20. Pandhawa kasil mbangun kratone dewe yaiku kraton amarta
  21. Perang anatara pandawa lan kurawa diarani perang baratayuda
  22. Tulisen tegese tembung ing ngisor iki ! Garwa : bojo, Rama : bapak, Kagungan : duwe, Seda : mati
  23. Gawea pitakon adedasar ukara ngisor iki ! Prabu puntadewa ratu ing amarta : sapa ratu ing amarta ?  Pandawa kuwi cacahe ana lima : pira cacahe para pandawa ? Watake pandawa kuwi welas asih lan sabar : kepriye watake pandawa ?
  24. Raden werkudara satriya ing jodhipati
  25. Nalika lair raden werkudara awujud bungkus
  26. Amarga bungkuse ora bisa disuwek mula dibuwang menyang alas
  27. Sing bisa nyuwek bungkuse raden werkudara yaiku gajah sena
  28. Watake raden werkudara iku jujur, adil, lan gedhe kekarepan
  29. Apa wae prentahe guru dorna marang werkudara ? golek susuhing angin, golek tirta pawitra
  30. Sapa arane guru sejatine raden werkudara ? dewa ruci
  31. Kepriye wujude dewa ruci ?  dewa bajang sing plek karo raden werkudara
  32. Putrane raden werkudara yaiku raden antareja, raden gatutkaca, raden antasena
  33. Gamane raden werkudara yaiku gada rujakpolo, gada lukitasari, lan kuku pancanaka
  34. Sapa arane guru padawa lan kurawa ? begawan drona
  35. Nganggo apa pandita drono njupukake bale pandawa lan kurawa ? nganggo alang-alang
  36. Sapa eyange pandawa lan kurawa ? maha resi bhisma
  37. Kepriye solaahe pandawa nalika diwulang gurune ? sinau temenanan, kabeh prentah ditindakake, lan sengkud
  38. Kepriye solahe kurawa nailka diwulang gurune? Kesed, ora temenanan, pating glosor, leyeh-leyeh , turonan, lan gegojegan
  39. Pahlawan saka tembung pahala lan wan
  40. Tegese pahlawan yaiku wong sing kerep gawe lan nandur kabicekan tanpa njaluk piwales
  41. Rame ing gawe, sepi ing pamrih
  42. Proklamator indonesia yaiku bapak soekarno lan muhammad hatta
  43. Indonesia mardika tanggal 17 agustus 1945
  44. Ana ngendi wae soekarno nate dikunjara ? suka misikin bandung, flores, lan bengkulu
  45. Ana ngendi wae muhamad hata nate dikunjara ? roterdam, boven digul, papua, bandanaera
  46. Ide lan gagasan sing nate mrentul saka soekarno lan hatta yaiku pancasila lan UUD 1945
  47. Apa wae sing dilakoni soekarno lan hatta ing jagaf internasional ? gerakan non blok, konferensi asia afrika, mbiyantu kamardikan negara-negara afrika
  48. Negara sing sing tau njajah  bangsa indonesia yaiku walanda, jepang, portugis
  49. Negara walanda anggone njajah indonesia suwine 350 taun
  50. Presiden indonesia kaping pisan yaiku soekarno
  51. Wakil presin kaping pisan yaiku muhamad hatta
  52. Kenapa perjuwangan indonmesia durung kelar ? amarga walanda isih pengen jajah maneh
  53. Perang gede sakwise nagara indonesia merdeka diarani agresi militer walanda 1 lan agresi militer walanda 2
  54. Sakwise mardika tentara sekutu ndarat ing indonesia ing kutha surabaya
  55. Ana ing hotel ngendi walanda ngerek genderane ? hotel yamato
  56. Sapa sing diboncengi walanda kanggo nyerang indonesia ? tentara sekutu lan NICA
  57. Jendral inggris sing tiwas ing perang surabaya yaiku jendral mallaby
  58. Senjatane tentara indonesia nalika perang yaiku bambu runcing
  59. Tentara indonesia nalika perang ing surabaya jejuluk tentara keamanan rakyat
  60. Perang gedhe ing surabaya antarane indonesia mungsung walanda lan sekutu kadaean tanggal 10 nopember 1945
  61. Tanggal 10 nopember dipengeti dadi dina pahlawan
  62. Warnane gendera walanda yaiku biru putih abang
  63. Gotong royong ing tlatah jawa diarani gugur gunung
  64. Watake yudistira yaiku wicaksana demen ngalah
  65. Pusakane yudistira yaiku jamus kalimasada
  66. Yudistira satriya ing ngamarta
  67. Watake werkudara yaiku kendel mbelani bebener
  68. Pusakane werkudara yaiku kuku pancanaka, gada rujakpolo, gada lukitasari
  69. Werkudara satriya ing jodipati
  70. Watake arjuna yaiku seneng tetulung
  71. Pusakane arjuna yaiku panah pasopati
  72. Nakula lan sadewa watake ora seneng nyampuri urusane wong liyo, seneng mbiyantu
  73. Nakula satriya ing sawo jajar
  74. Sadewa satriya ing bumiretawu
  75. Pusakane nakula lan sadewa yaiku pedang
  76. Papan panggonan sing direncana kanggo ngarah patine pandawa dioarani bale sigala-gala
  77. Kepriye carane kurawa nipu daya pandhawa ing bale sigala-gala ? diparingi panganan lan unjukan sing werna-warni sing wis dijejampi
  78. Sing gawe guwa ing sangisor bale sigala-gala yaiku yamawidura
  79. Sapa sing nuntun lan gawe slamet para pandhawa lan ibune ? garangan putih
  80. Sapa sejatine garangan putih kuwi ? sang hyang antaboga
  81. Para pandawa lan ibune dituntun garangan putih tumeka kayangan sapta pratala
  82. Putrane raden arjuna yaiku raden abimanyu
  83. Nalika perang raden abimanyu tiwas merga diperjaya marang raden jayajatra
  84. Kepriye sumpahe raden arjuna ? arep pati obong yen ora gawe piwales dening jayajatra
  85. Kepriye tipu dayane raden jayajatra ? malih dadi akeh banget
  86. Senjata sing digunakake prabu kersna kanggo mbiyantu mbedakake jayajatra yaiku senjata cakra
  87. Senjata cakra kuwi kasektene bisa apa ? nutupi sunare srengenge dadi katon sore/surup
  88. Tanggal 2 mei dipengeti hari pendidikan nasional
  89. Ki hajar dewantara wiyose tanggal 2 mei
  90. Ki hajar dewantara jejuluk bapak pendidikan nasional
  91. Naslika isih timur ki hajar dewantara asmane raden mas suwardi suryaningrat
  92. Ki hajar deantara kuwi  kaprenah wayahe sri paku alam III
  93. Kapan anggone asma cilik R.M suardi suryaningrat di ganti ki hajar dewantara ? nalika yuswane 40 taun
  94. Kenapa asamane R.M suwardi suryaningrat diganti ? amarga tansah kepingin cedhak lan rumaket marang kawula cilik
  95. Sekolah sing digawe dening ki hajar dewantara dijenengi taman siswa
  96. Kapan taman siswa digawe ? tanggal 3 juli 1922
  97. Jendral sudirman kuwi pahlawan nasional sing asale saka yogyakarta
  98. Amarga gerah jendral sudirman anggone metu ninggalake yogyakarta nganggo ditandu
  99. Jendral sudirman anggone perang nganggo siasat sing diarani perang gerilya
  100. Pangeran diponegoro kuwi putrane sultan hamengkubuwana III
  101. Wiyose pangeran diponegoro iku tanggal 11 november 1785
  102. Nalika isih timur pangeran diponegoro asmane raden mas antawirya
  103. Sebabe pangeran diponegoro ora purun dadi raja yaiku milih cedak marang kawula alit lan seneng nyinau  babagan agama
  104. Papan sing dipanggoni pangeran diponegoro anggone nyinau agama yaiku ing tegalrejo
  105. Eyang buyute pangeran diponegoro asmane ratu ageng tegalrejo
  106. Pangeran diponegoro gawe markas ing guwa selarong
  107. Pangeran diponegoro anggone berjuang dibiyantu dening putrane sing asamane bagus singlon utawa ki sadewo
  108. Perang diponegoro kawiwitan taun 1825 nganti taun 1830
  109. Perang diponegoro murub ing tlatah sakindenging tanah jawa
  110. Perang diponegoro uga diarani perang tanah jawa


1 komentar: